Sabtu, 16 Juni 2007

Ngelindur

Muntiyadi turu ngeloni Romlah, bojone. Pas enak-enak turu, Romlah dhadhak ngelindur celuk-celuk pacare.

"Mas Gempil . . . aku kangen mas. Mas Gempil peluklah aku mas . . ."

Krungu ngono Muntiyadi malih cemburu ngamuk-ngamuk gak karuan, Romlah langsung diseret lang jedhing.

"Hayo ngomongo !!! Awakmu pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!," jare Muntiyadi mbentak bojone.

"Iyo cak . . . " jare Romlah.

Langsung sirahe Romlah didelepno nang banyune bak mandi, cik kapok pikire Muntiyadi.

Mari oleh sak menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.

"Wis saiki ngomongo maneh !!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!," jare Muntiyadi maneh.

"Iyo cak . . ." jare Romlah.

Langsung sirahe Romlah didelep nang bak mandi luwih sui maneh, sik gak kapok ae arek iki pikire Muntiyadi.

Mari oleh rong menit Romlah gelagepen, ambek Muntiyadi sirahe diangkat terus ditakoni maneh.

"Hayo ngomongo maneh !!! Awakmu sik pingin pethuk ambek Gempil tah ???!!!," jare Muntiyadi maneh.

"Iyo cak . . ." jare Romlah.

Muntiyadi tambah muntap. Pas arep didelepno nang banyu maneh, Romlah berontak terus takon nang Muntiyadi.

"Sik tah cak, sampeyan yakin tah lek mas Gempil onok nang njero banyu ?"

Putus Asa

Sore-sore Muntiyadi jagongan ngelamun nang warung, pandangane kosong ambek tangane ngudek es teh.

Moro-moro Paidi, koncone, teko ngageti terus langsung nyaut ngombene Muntiyadi diglogok sampek enthek, karepe ngono ngejak guyon.

Muntiyadi nuangis gerung-gerung, koncone malih gupuh kabeh.

"Wok!! Kon iku jarene tentara tapi kok cik gembenge, ngombemu tak saut ae wis nangis," jare Paidi.

"Sak dino iku apes thok uripku." jare Muntiyadi.

"Lho opoko, mbok menowo aku isok nulungi," jare Paidi sakno.

"Isuk mau, aku dipecat mergo ngilangno bedhile komandan," jare Muntiyadi.

"Walah ngono ae lho, laopo se dipikir. Awakmu lak demphal tah, dadi bodyguard utowo preman pasar sik payu," jare Paidi.

"Iku sik gak sepiro. Mari dipecat, aku mulih gasik. Pas sampek omah, dhadhak aku mergoki bojoku lagi indehoi ambek koncoku," jare Muntiyadi.

"Wis gak usah dipikir. Bojomu lak pancen ngono kelakuane, pegaten ae, wong wedhok sik uakeh sing tahes komes," jare Paidi.

"Iku sik gak sepiro. Aku wis putus asa, katene bunuh diri ae. Aku tuku potas terus tak campur es teh, bareng arep tak ombe dhadhak kon saut pisan,"


Nginceng

Tole, anake Romlah, mlayu menggos-menggos mlebu omah nggoleki ibuke.

"Buuuk . .Ibuuuuk...!!!" jare Tole ambek nungkul ibuke.

"Opoko Le, kon kok koyok diuber celeng . .?" takon Romlah.

"Bu aku mari mergoki Bapak ambek Yuk Jah wong loro . . ." jare Tole ambek menggos-menggos.

"Sik tak la, alon-alon lek cerito, longgo sing nggenah dhisik .." jare Romlah ngayemno anake.

"Ngene lho Buk, pas aku dhulin nang omahe Kelik, aku ndhelok Bapak mlebu nang omahe Yuk Jah." jare Tole.

"Wis wis Stop ! Stop ! Stop!, ceritone disimpen dhisik ae. Lek Bapakmu teko, ceritone lagek diterusno. Aku pingin weruh reaksine Bapakmu. "jare Romlah.

Sorene Muntiyadi mulih wis dienteni Tole ambek Romlah.

"Ayok Le, age ndhang cerito nak" jare Romlah.

"Pas aku dhulinan nang omahe Kelik, moro-moro aku ndhelok Bapake mlebu nang omahe Yuk Jah. Aku timik-timik nututi Bapake, terus nginceng seko jendelo. Aku ndhelok Bapak terus sayang-sayangan ambek Yuk Jah. Mari ngono aku .... wis gak wis aku gak wani nerusno . ." jare Tole.

Romlah penasaran, Muntiyadi gemeter tegang.

"Ojok wedhi ambek Bapakmu, ayo age terus no. Mari ngono Bapakmu lapo ambek Yuk Jah !!" Romlah mekso anake.

Mari dipekso-pekso akhire Tole nerusno ceritone

"Mari ngono Bapak ambek Yuk Jah dulinan jaran-jaranan koyok . . . koyok . . .” Tole mandeg maneh gak wani ngomong.

“Lho ayo terusno ojok wedhi, koyok opo ayo sing jelas “ Romlah mbentak anake maneh.

Akhire Tole wani nerusno maneh.

“Koyok Ibu ambek om Gempil mbiyen . . ."

Deodorant

Romlah mampir nang toko katene tuku deodorant.

"Cak, aku arep tuku deodorant gawe "bagian bawah"," jare Romlah ambek ndhudhing anune.

Sing ndhuwe toko bingung lha mosok onok deodorant gae "bagian bawah".

"Sepurane yo ning, gak onok deodorant sing kanggo bagian bawah." jare sing dhodhol.

"Yok opo se peno iku, wong aku sering tuku kok !" jare Romlah muring-muring.

"Lho sampeyan onok contone tah ?" jare sing dhodhol.

"Yo!. Iki lho barange." jare Romlah ambek ndhudhuhno wadahe deodorant kosong.

Sing dhodhol kudhu ngguyu tapi dimpet.

"Ning !! Iki ngono deodorant biasa sing kanggo kelek" jare sing dhodhol.

Romlah tersinggung diguyu-guyu.

"Lho peno iku sing ngengkel ae, woconen tah tulisane iku." jare Romlah ambek njentit ngangkat roke sampek "bagian bawah"e kethok.

Bareng sing dhodhol moco, tibake tulisane ngene "Untuk pemakaian, tekan bagian bawah"

Limolas Juta

Wonokairun lungo nang Tretes mampir nang Wisma Rindu Malam.

Isine wong wedhok ayu-ayu semlohe, sikile mulus-mulus gak onok sing bubulen.

Wonokairun disambut ambet Mamane wisma.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" ajre Wonokairun.

"Mbah, Sablah iku cewek paling ayu nang kene, taripe yo paling larang. Sampeyan mesti gak cukup dhuwike, tak golekno sing liyane ae yo . . ." jare Mamane.

"Aku kudhu pethuk ambek Sablah." Wonokairun mekso.

Akhire Mamane ngongkon Sablah metu seko petarangan, tibake areke pancen uayu tenan..

"Mbah, sampeyan wis weruh tah lek taripku iku limang juta sekali booking ?" takok Sablah.

Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, Wonokairun digandeng Sablah munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.

Sisuke Wonokairun teko maneh nang Wisma Rindu Malam iku.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.

"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking Sablah, taripe pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.

"Aku kudhu pethuk ambek Sablah" Wonokairun mekso maneh. Wong mulai kasak-kusuk ngrasani mbah Wonokairun.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek taripku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.

Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena. Bareng wis mari diservis, Wonokairun minggat.

Sisuke maneh, Wonokairun teko pisan maneh nang Wisma Rindu Malam.

"Aku pingin pethuk ambek Sablah" jare Wonokairun.

"Mbah, masio sampeyan wingi wis booking ping pindho, taripe Sablah pancet lho yo gak ono diskon" jare Mamane.

"Aku kudhu pethuk ambek Sablah," jare Wonokairun. Wong tambah rame kasak-kusuk ngrasani, tapi mbah Wonokairun cuek ae.

Akhire Mamane nyeluk Sablah.

"Mbah, sampeyan wis weruh tah gak lek tarifku pancet limang juta sekali booking ?" takok Sablah.

Gathik kakean cangkem, Wonokairun ngetokno dhuwik sak bundhel isine limang juta.

Mari ngono, arek loro iku munggah mlebu arena.

Bareng wis mari, Sablah penasaran ambek Wonokairun.

"Mbah, sampeyan iku cik lomane ambek aku, sak umur-umur gak ono wong sing wani mbooking aku lansung ping telu. Seko ndheso endhi sampeyan Mbah ?" takok Sablah.

"Aku seko Sepanjang" jare Wonokairun.

"Lho iyo tah !!, aku ndhuwe dulur nang Sepanjang pisan." jare Sablah kaget.

"Wis weruh aku. Bapakmu mati sak wulan kepungkur. Mbakyumu nggoleki awakmu gak ketemu, terus ngongkon aku nggolek awakmu kanggo nyerahno dhuwik warisan limolas juta . . ."


Putus Cinta

Tatang ambek Wiwik wis oleh nem wulan iki sir-siran.

Ben malem minggu Tatang apel terus ngejak ngelencer, muesra pol pokoke.

Lek goncengan tangane Wiwik nyabuk nang pinggange Tatang.

Malem minggu iki Tatang apel koyok biasane.

Tapi Tatang gak ngiro lek iki tibake apel sing terakhir, soale Wiwik njaluk putus.

"Cak rasane aku wis gak cocok maneh ambek sampeyan . ." jare Wiwik.

Masio dirayu-rayu, Wiwik tetep ae njaluk putus, Tatang langsung lemes pamitan mulih.

Pas arep mulih, Tatang nyaut kaos putih sing semampir nang kursi.

"Kaosmu tak pek gawe kenang-kenangan" jare Tatang.

"Lho ojok cak, iku kaos kotor mari digawe . ." jare Wiwik.

Omongane Wiwik gak dirungokno, Tatang langsung nyengklak bronpit bablas mulih.

Mari putus, Tatang malih koyok wong liwung. Mangan gak enak, turu opo maneh.

Masio kuecut pol, ambek Tatang kaose disimpen nang ngisore bantal.

Ben ndhino awane wengi Tatang mbrebes mili ambek ngambungi kaose mbayangno masa-masa indah.

Sampek seminggu Tatang gak metu kamar blas, sampek ibuke kuatir.

Mari oleh seminggu moro-moro ibuke Tatang nggedor lawange Tatang, jarene ono tilpun seko Wiwik.

Tatang langsung deg-degan mlayu metu kamar nyaut telpune.

"Halo . ." jare Tatang ndredeg.

"Iki Cak Tatang tah ? . ." jare Wiwik.

"Iyo dik, aku wis ngiro lek akhire awakmu bakal nilpun aku, kuangen pol aku dik . . ." jare Tatang sik ndredeg.

"Iyo Cak, bapakku ben ndhino yo nakokno sampeyan terus " jare Wiwik.

"Iyo tah, waduh aku gak ngiro lek bapakmu sampek sak mono ambek aku, opo jare bapakmu ? " takok Tatang.

"Bapakku ngamuk-ngamuk njaluk kaose dibalekno . ."

Nyegat bis

Romlah antri nyegat bis kota katene budhal kerjo.

Pacakane sueksi pol, bengesan abang ambek nganggo rok mini.

Pas katene numpak bis kota, mergo rok minine nguapret pol, sampek sikile Romlah gak isok mancik munggah bis.

Romlah ngrogoh selerekan nang mburine rok cik rodhok longgar.

Bareng wis didhukno selerekane, sik pancet nguapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak pisan ngkas ngedhukno selerekane rok cik tambah longgar.

Tibake sik pancet ngapret ae, sikile Romlah tetep gak isok mancik munggah bis.

Romlah nyobak maneh sampek ping telu, tetep ae gak isok.

Kondekture wis gak sabar bengok-bengok.

Moro-moro onok tangane wong lanang ndhemok bokonge seko mburi, nyurung Romlah munggah bis.

Romlah mendelik nguamuk nang wong lanang iku,"Semprul !!! Gak sopan blas peno Cak, wong gak kenal athik wani-wanine ndhemok bokongku !!".

Wong lanange nyauri,"Yo sampeyan Ning sing gak sopan, wong gak kenal athik wani-wanine mlorot selerekan celonoku ping telu."